Jumat, 07 Agustus 2009

basa jawa

1. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab

 Pak budi kagungan utang kalihan pak Andi, sanes dinten pak Subur mbutuhaken arta niku wau, pak Subur nagih utang wau ing pak Budi, nanging pak Budi mboten gadhah artha, pak Budi kagungan putra naminipun Doni. Doni puniku nembe kelas loro smp, kangge mbayar untangle bapake Doni nyambi nyambut gawe dodol Koran sak durunge mangkat sekolah. Kangge ngrewangi bapake kanggo mbayar utang ning pak Andi.


2. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.

 Anisa kagungan wewadi, ndekne nyritake wewadine neng Ana, Anisa ngomong ning Ana ojo nganti wong liyane nganti reti. Nanging Ana nglanggar janjinipun, Ana malah nyritakake wewadinipun Anisa ing Dela. Ana iku mboten saget nyimpen wewadinipun Anisa


3. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa

 Andika iku bocah sing paling pinter ing kelase, pas diwulang gurune Andika mesti ngrungokake. Pak Agus niku guru matematikane Andika, pas niku pak Agus nerangke materi anyar, sak wise nerangke pak Agus maringi latiyan. Andika langsung ngerjake. Bareng dicocoke nilainipun Andika paling apik ing kelasnipun.


4. Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

 Pak Rudi badhe tindak ing Singapura amarga pak Rudi kuwi di tugaske saking kantornipun. Nanging pak Rudi mboten saget basa inggris. Mangka putranipun Lusi kuwi dadi guru basa inggris ing Smp 3 Pati. Nanging Pak Rudi ora isin mundhut pirsa marang putrane kepriye ngomong kangge basa inggris.

5. Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
 Ahmad angsal masalah,dados bandar narkoba, Ahmad di undang ning pengadilan, sak keluargane melu dadi seksi supaya hukumanipun Ahmad mboten abot-abot banget.

6. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.

 Ari badhe tindak neng dalemipun Adi nanging saiki wayah beduk,Ari ngentosi ngantos bubar beduk, sak bare beduk Ari lagek tindak ning dalemipun Adi.

7. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake

 Pak Darto gadhah putra naminipun Budi, Budi gadhah masalah, Budi di cekel polisi amarga bar nyolong handphonenipun kancane. Pak Darto ditimbali kepala sekolahnipun Budi. Pak Darto ngelu mikirke putranipun sing mbeler niku.


8. Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)Buntel kadut, ora kinang ora udut

 Ali niku umurnipun nembe 12 taun, nanging Ali niku gedhe duwur kados bocah Sma.


9. Mbaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah

 Danu niku umurnipun sampun 18 taun,nanging Danu malah dereng ndamel KTP. Sakjane Danu kedah kagungan KTP.

10. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune.

 Surti niku nathe mateni kancane dhewe,jenenge Minah. Saiki Surti nyesel wis mateni kancane dhewe.

11. Pandhitaning antake = laire suci,nanging bathine reged

 Dhila iku bocahe ayu nanging senengane ngomongke wong liyo lan nyakiti atine kancane dhewe.

12. Ancik-ancik pucuking eri = wong kang tansah sumelang yen keluputan

 Sumi tau ngapusi karo ibuke, Sumi melang-melang wedi nek ibune ngerti.
13. Cebol nggayuh lintang = duwe kekarepan sing mokal bakal kelakon

 Rudi sregep sinau supaya bijine kelas 2 luweh apik tinimbang kelas 2.

14. Cecak nguntal empyak = gegayuhan sing ora timbang karo kekuwatane.

 Surti kepengen tuku klambi, nanging duwite mok 10.000, sakjane regane klambi niku mau 20.000.

15. Dhemit ora ndulit setan ora doyan = tansah ginanjar slamet, ora ana reribed

 Neng kelas 8c sak kelas kena beleken, nanging aku dhewe sing ogak kena beleken.

16. Emban cidhe emban siladan = siji lan sijine ora padha pangrengkuhe ( ora adil )

 Ambar anake wong sugih, Siti anake wong mlarat. Ambar lan Siti niku sak kelas, nanging gurunipun luwih perhatian karo Ambar tinimbang Siti, amarga Siti niku anake wong mlarat.

17. Emprit abuntut bedhug = prakara sepele dadi gedhe.

 Pas ulangan Rahmat nirun Budi, Bu Tari ngerti, bar iku Rahmat di utus metu saking kelas lan Rahmat mboten pareng melu ulangan dino iki.

18. Entek jarake = entek kesugihane

 Pak Samsudin gadhah utang kathah ning bang, nanging pak Samsudin mboten gadhah duwit. Gara-gara utange ning bang mboten di bayar-bayar, omah lan hartanipun pak Samsudin di sita bang, saiki pak Samsudin mboten gadhah nopo-nopo.

19. Njajah desa milang kori = lelungan menyang ngendi-endi

 Sutri iku tau lungo menyang endi-endi amarga Sutri melu bapake sing pindah tugas angger setaun...

20. Kebo kabotan sungu = wong tuwa sing rekasa amarga kakehan anak.

 Pak Tarno nduwe anak 10, Pak Tarno bingung ameh menuhi kebutuhane, amarga pak Tarno mok tandang dawe dadi tukang becak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar